Wonten bocah kang uripe mesaake. Bocah iku kelas 3 MTs lan wis ujian. Banjur dino iki pengumuman marang kelulusan siswa MTs. Amarga Ibune wis kepanggil marang Gusti Allah lan Bapake lagi gerah pengumuman di jupukake mbakyune. Bocah iku mau lulus. Ora mung seneng sing di rasakno, bocah iku mau uga ngrasakno sedih. Amarga ora duwe biaya kanggo neruske sekolah maneh.
Akhire bocah iku mung bisa kerja kanggo biayani adike kang iseh SD. Ing sawijining dina, pas bocah iku numbaske seragam adike ing pasar, ana tanggane marani, maringi kabar yen bapake wis tinggal. Bocah iku banjur mlayu muleh. Nanging ngono ora bakal mutuske gegayuhane bisa sekolah maneh.
Isuk, sore bocah iku nyambut gawe kanggo biayane sekolahe adike.
Mbakyune ora tega ngeti adike kerja. Banjur mbakyune iku lunga kerja menyang Bandung. Nanging sakdurunge lunga, bocah iku di daftarke menyang sekolah kang di karepke. Sakwise bocah mulih kerja, bocah iku weruh surat kang isine lungane mbakyune. Bocah iku mung bisa ngomong "aku kudu sekolah tenanan, supaya mbakyuku seneng".
By: Diah Fitri Astri Mastuti
Tidak ada komentar:
Posting Komentar